Selasa, 04 Januari 2011

CARA MENCEGAH CD NAKAL MENYEBAR VIRUS

Kadang Dwija,

Mugi ndadosaken kawuningan bilih sapunika kathah CD Nakal ingkang kanyata saged damel cuwaning para kadang ingkang saweg nggeluti TI. CD Nakal kalawau manawi kalebetaken wonten ing komputer (PC utawi Laptop) badhe ngrisak system saha partisian. Malah awonipun CD Nakal kalawau inggih mornat partisian mbucal sadaya file ingkang sampun kasimpen. CD Nakal nadyan boten dipunbikak badhe langsung makarya awit dipundamel otomatis (autoplay).

Menggah galakipun CD Nakal wau, punika wonten cara supados CD Nakal boten kuwawi ngrisak system saha mbucali file-file Panjenengan. kadospunika caranipun:
- Bikak Windows Explore saderengipun nglebetaken CD Nakal wau (sadaya CD)
- Pencet tombol SHIFT (Keyboard) ngantos nami CD wonten drive CD ketingal.
- Lebetaken CD Nakal (tombol SHIFT taksih kapencet ngantos nami CD wonten drive CD ketingal)
- Tombol SHIFT sampun saged boten kapencet.
- Ngawiti Klik Drive CD Room (Maos isinipun CD)
------------------------------------------------------------------------------------
Drs. Tejo Susiratmoko